Materi Cerita Cekak
Assalamualaikum
Wr.Wb
Ing dinten kang
cerahh niki, kula bade ngenei ngerti tentang bab Cerkak. Yuk langsung wae.
1.
Pangertosan lan Ciri-Ciri
Cerita
cekak utawi ingkang asring kacekak "Cerkak", inggih punika
setunggaling wujud prosa naratif fiktif.
Ciri -ciri Cerkak:
1.
Cerita cerkak limrahipun kirang komples tinimbang novel
2.
Kadadosan saking setunggal pragmen/adegan
3.
Gadhah setunggal plot utawi alur
4.
Setting ingkang tunggal
5.
Cacahing paraga ugi winates
6.
Cakupan wekdalipun ugi cekak
Salah
satunggaling teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwatos ngantos
rampung ing satunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges-teges sanesipun
nyebutaken cekak saha panjangipun saged katingal saking cacahipun
tembung-tembungipun inggih punika 7.500 tembung. Ananging menawi katingal
saking karya kontemporer cerkak punika umumipun karya fiksi ingkang panjangipun
botrn langkung saking 20.000 tembung saha boten kirang saking 1.000 tembung.
2. Unsur
Intrinsik
Unsur
Intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
Ingkang kalebet unsur intrinsik :
1. Tema inggih punika underaning cariyo singkang dipunpitados saha
dipundadosaken underaning
cariyos.
2. Latar (setting) inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun
2. Latar (setting) inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun
cerkak. Latar punika wonten 3,
inggih punika : Latar Papan, Latar Wekdal, lan Latar Kawontenan.
3. Alur (Plot)
inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
Alur
kaperang dados 3 inggih punika :
a) Alur Maju inggih punika reroncening kedadosan
ingkang urutaning manut kaliyan urutaning
wekdal kedadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah
lumampah majeng.
b) Alur Mundur inggih punika reroncening kadadosan
ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi
cariyos ingkang lampahipun mundur.
c) Alur Campuran inggih punika campuran antawisipun
alur maju kaliyan alur mundur.
Alur punika kaperang daods pinten-pinten tataran, inggih punika :
a) Pangantar inggih punika perengan cariyos ingkang
awujud gegambaran wekdal, panggenan
saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitaning cariyos.
b) Wiwitaning perkawis inggih punika peranganing
cariyos ingkang minangka gegambaran
prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga
cariyos.
c) Klimaks inggih punika prekawis ingkang wonten ing
cariyos ingkang minangka undering
cariyos.
d) Antiklimaks inggih punika prekawis sekedhik mbaka
sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
4. Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga
ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali saking tiang
aspek, inggih punika :
a) Pacelathon paraga
b) Gegambaraning paraga
c) Gegambaraning blegering paraga
Kangge nggambaraken watak watuning
setunggaling paraga, penyerat limrahipun ngginakaken teknik :
a. Teknik analitik : kagambaraken kanthi langsung dening panyerat.
b. Teknik dramatik, watak paraga kagambaraken kanthi :
1) Nggambaraken baba badan saha tindak-tandukipun,
2) Nggambaraken lingkungan gesangipun paraga,
3) Basa ingkang kaginakaken paraga,
4) Cara anggenipun mikir saking paraga,
5) Cara wontenipun paraga sanes.
5. Nilai / amanat / piwulang luhur inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit
lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena
ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
6. Cara panyerat nyariosaken / sudut pandang /
point of view, inggih punika kalenggahanipun panyerat rikala
nyariosaken.
a)
Minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat
dherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
b)
Minangka tiyang ingkang katiga, panyerat
minangka dhalang ing cariyosipun.
3. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang wontenipun ing
sanajiwinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing
cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika :
a. Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik,
ekonomi),
b. Latar belakang gesangipun panganggit,
c. Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel.
4. Nyerat Cerkak
Caranipun damel cerkak
kados mekaten
1. Angen2 pengalaman ingkang sampun kalampahan,
lajeng pados tema ingkang trep
kaliyan pemanggihipun piyambak.
2. Damel cengkorongan (kerangka) cerkak.
3. Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4. Ingkang
dipungatosaken inggih menika :
a) Kedah wonten perkawis,
b) Wonten permasalahanipun (konflik),
c) Wonten endingipun (antiklimaks).
5.
Tuladha Cerkak
Wit iki sekitar 7 taun nuli yaiku panggon neng endi aku sanuli nunggu
sahabatku mulih sekolah. Aku ro deweke beda sekolahan. Lan kabeneran
sekolahne nduweni jam mulih sing luwih suwe tinimbang sekolahku.
Omah ku lan deweke pancen cedhak Mung pirang-pirang jangkah saka gerbang omahku, aku wis nganti neng gerbang omahe. Ning dudu mung amarga kuwi aku gelem nunggune nganti 1 utawa 2 jam-an. Sahabatku kui jenenge Galang. Sahabat masa cilikku. Sahabat salawase kanggo aku.
“fira!”
Omah ku lan deweke pancen cedhak Mung pirang-pirang jangkah saka gerbang omahku, aku wis nganti neng gerbang omahe. Ning dudu mung amarga kuwi aku gelem nunggune nganti 1 utawa 2 jam-an. Sahabatku kui jenenge Galang. Sahabat masa cilikku. Sahabat salawase kanggo aku.
“fira!”
Kebiyasan ku lan Galag sadurung maju kanggo pesen yaiku bebarengan ngambu aroma gurih lan enak sing semerbak tekan irung nuli bareng padha ngucapke ukara lirih. “sosis bakarrr,”
Contoh cerkak bahasa jawa persahabatan - Sosis bakar. Kuwi alasan sabenere. Aku lan Galang sanuli tukune samulih sekolah. Kanthi urunan dhuwit jajan sing turah Aku lan Galang tukune lan mangane bebarengan mlaku mulih. Padahal wektu dak elingi saiki, rasa sosis kuwi padha karo umume. (Baca juga cerkak bahasa jawa tentang persabatan terbaru 2016)
Bokmenawa amarga Galang, sahabat paling becik selawase, nggawe sosis krasa beda neng ilatku wektu kuwi. Kebiyasanku lan Galang terus neras nganti lulus sma. Mbasi wis padha-padha tuwuh dewasa, ning wektu ana ing stand sosis obong iki, Aku lan Galang nglalekne kuwi kabeh. Nganti mubarang dina..
“Aku arep lunga,” jarene karo nyekeli jojohan sosis bakar karo mlaku.
“Menyang endi?” Takonku sing durung fokus amarga isih nglegena mangan sosis bakar kuwi.
“Amerika,”
Galang mandheg mlaku. Nuli nyaka, ngadhep aku lan nguwaske mripatku.
Lan jebulna…
Aku ora ngerti sakwise persahabatan Aku lan Galang lasan taun kapungkur, Galang ngono ala ndeleke lelara kanker pankrease sing wis menginjak stadium akhir kuwi. Lan gobloke aku, aku ngelingake. Mung berselang setaun kawit kelungane menyang amerika kanggo mbisakne pangobatan, aku kudu nekani acara panguburanane. Galang tilar,
Awale aku nyat nesu banget babagan apa sing wis kedadean. Miturutku Galang yaiku wong paling ala sadonya. Ning, hal iki mbanjur neng kesedhihan lan penyesalan sing njero banget kanggo aku.
Aku sedih banget. Aku dadi pangurung lan rutin nekani kuburane. Ngresiki suket liar sing mbeling tuwuh lan mekewuhi kebecikan kijinge. Kedadean iki nimbulke kebiyasan anyar kanggo aku. 7 taun nuli. Kebiyasanku kuwi terus mbanjur nganti nang akhire simbok pitakon.
“Kowe arep menyang endi?”
“Tilik Galang, mbok,”
“Simbok serius. Kowe arep menyang endi?”
Aku meneng. Sabenere, aku ngerti pangarah saka pitakonan simbok kuwi. Ning aku sanuli lan terus mengalihke. Amarga nek nyat aku ngupadi kanggo njawab, dhadhaku bakal krasa sesek.
Aku ora seneng amarga nek dhadhaku sesek, Galang bakal muncul neng pikiranku. Lan dina iki, kanggo ping pisan jero 7 taun, aku ora nekani kuburane Galang, sahabat sing tak demeniku.
Aku nekani wit gedhe iki, neng kene dhisik Aku lan Galang semasa sekolah, aku sanuli nunggune muncul karo ngeyup neng ngisor wit sing nuwa iki. Padha kaya aku sing wis umur 25 taun.
Dumadakan bayangan-bayangan Galang nekani aku. Wektu dheweke mlaku ngampiri aku. Nggeret lengenku. Mlaku bebarengan. Nuli nang akhire mandheg nang siji stand sing jebulna isih ana nduwe taun-taun kapungkur.
“Pak, sosis siji,”
Dumadakan sacara ora eling aku wis ana neng kene iki lan mesan sosis bakar neng kana. Aku mung bisa ngesem cilik. Galang, Kanggo sahabatku sing ana neng kana.
Aku ngangenke kowe karo sosis bakar sing awake dhewe tuku lan pangan bareng. Aku kangen kowe. Tenan. Apa kowe uga kangen aku? Aku nganti tersiksa digawene. Aku ndemeni kowe, sahabatku.
Materi Pawartos
Assalamualaikum
Wr.Wb
Ing dinten kang
sae niki, kula bade ngenei ngerti tentang bab pawartos. Yuk langsung wae.
1.
Pawarta yaiku
kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa
dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu
utawa wong akeh.
Kados sing wis
diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk
kayata:
·
Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang,
majalah panjembar semangat, lan sanesipun.
·
Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng
mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA
TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita
bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.
·
Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa
utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud
website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta
bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa
jawa, lan sak panunggalane.
·
Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges
warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang
ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.
2. Unsur Pawarta
Wondene
unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna
babagan.
Apa (What)
= Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa (Who)
= Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan (When)
= Kapan
kedadean kasebut dumadi.
Kepriye (Why)
= Kepriye kedadean kui bisa dumadi
.
Nengndi (Whrere)
= Ana papan ngendi kedadean kui
dumadi.
Kena apa (How)
= Merga apa kedadean kasebut
dumati.
Pawarta sing
paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur
mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.
3.
Sifat
Pawartos :
·
Aktual
: langsung.
·
Faktual
: objektif, sesuai fakta.
·
Cekak Aos
: pendek, singkat, langsung intine.
·
Narik
Kawigaten
: menarik perhatian dengan kalimat tanya.
·
Jangkep
: lengkap.
4.
Jinis
Pawartos :
·
Straight News
(pawartos langsung)
·
Depth News
(pawartos mendalam) : wonten nilai, fakta, data, lan dampak.
·
Investigation
News : wonten penelitian/penyelidikan.
·
Interpetative
News
·
Opini News :
dereng wonteng fakta-fakta.
5. Struktur panyeratan pawartos menika awujud :
1. Irah-irahan
2. Baris tengah (dateline)
3. Teras pawartos
4. Wos pawartos
6. Perangan ingkang nemtokake biji pawarto
inggih punika :
a) Aktualitas
b) Gayut kaliyan papan kedadosan
c) Gayut kaliyan unsur-unsur ing saklebeting kedadosan
d) Gayut kaliyan pedamelan pamaos/pamiarsa
e) Jangkeping pawartos
7. Ingkang perlu dipungatosaken nalika
mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika:
·
Mangertosi kanthi
cetha perkawis ingkang dipunaturaken.
·
Mbedakaken
informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati.
·
Nyathet informasi
ingkang leres saha premati.
8. Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika
maringi panyaruhipun inggih menika :
·
Panyaruhipun
menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce
kanthi sae.
·
Perkawis utawi
bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha.
·
Tembung-tembung
saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami.
9. Tuladha
Lengene
Bayi digunting Ibune Dewe
Jombang.Miris
banget kelakuane Nur Inani Ana,33,warga dusun Ngudirejo kec.Diwek.marang
putrine dewe.dheweke tega ngunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan dek
wingi(25/8).nyebabake lengen kiwo bayine meh pedhot.
“Otot
lengene pedhot,sawise diwenehi pangrumatan,bayi kasebut terus dirujuk menyang
RSUD dr.Soetomo Surabaya,”atur dr.Agung,dokter jaga UGD RSUD Jombang.
Agung
ngrujuk bayi kasebut menyang RSUD dr.Soetomo sawise nyuwun palilah menyang
dokter spesialis.”sawise tatune ditutup,bayi langsung karujuk menyang RSUD
dr.Soetomo.”ujare.kahanan balunge pedhot opo ora during iso menehi katrangan
kang rinci.”kawulo dereng ngantos mreksani kahanan balunge langsung kawulo
rujuk.”ujar dr.Agung.
Aisyah(jenenge
bayi kasebut) digawa keluargane menyang RSUD Jombang jam 10.00 kahanane parah
banget. Awake lemes,amergo ngetokake getih waras saka lengen kiwone. Nganti ora
bisa nangis naming misek-misek lan luh mripate dredes terus.
Tekan rumah
sakit Aisyah gak kesuwen terus di infuse liwat sikile,sedelo banjur iso
nangis.tangis Aisyah leren amergo bakake menehi dot susu formula.
Aisya putri
kang kapisan pasangan.Arifin,31 lan Nur Inani Ana. Kedadean diwiwiti saka
tangise Aisyah,ora ngerti sebab opo kok nangis terus saka isuk. Ing omah gedhe
iku,ana mung Aisyah,ibune lan simbah putri,Sa’adah,48. Arifin bapake Aisyah
wiwit isukwis budhal menyang pasar cukir dodolan sayuran.”aku keprungu tangise
wiwit jam 05.30”kandane salah sijine paman Aisyah omahe ora adoh saka omah
korban.”tak kiro nangis lumrah.”tangise kok ora kaya biasane,tangisane kok suwe
banget,padahal biasane bocah kuwi ceria banget.”Ature pamane.
Jam 09.30, dheweke ngajak
Sa’adah niliki Aisyah ing kamare,sakarone kaget banget eruh tangane Aiayah
ngetokake geteh nganti nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung mandeng wae.
Ora
kepingin putune tambah parah,Sa.adah lan putrane(paman Aisyah)gawa Aisyah
menyang RSUD Jombang. Sawetara Aiyah dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya
di kancani bapake dhewe jam 11.30, Sa’ada mulih niliki kahanan ibune korban.
Arifin
kaget banget weruh kahanan kaya mankene.”wektu kadadean aku isih ning par.saka
pasar aku langsung budal mrene”kandane ArifinMateri Uyon Uyon
Assalamualaikum Wr.Wb
Ing dinten kang
indah niki, kula bade ngenei ngerti tentang bab uyon uyon. Yuk langsung wae.
1. Andharan Uyon- Uyon:
• Uyon- uyon
saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing
adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika
saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’ .
• Unining
gendhing- gendhing tanpa joged / umume kanthi thuthukan alon.
• Lelagon jawa
sing ditembangke sinden tanpa jejogedan.
• Soran utawa
‘instrumental’: inggih punika ingkang cara nabuhipun ‘sora’, ngginakaken
ricikan/instrunent: Bong Manggala, Demung, Ricik, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong
saha Kendhang.
• Gendhang
Lirihan utawa alusan, inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/
instrument ingkang cara nabuhipun ‘lirih’ utawa alus awujud: Gendher, Rebab,
Slenthem, Siter,Gambang, Suling, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang
minangka pamurba irama.
TULADHANIPUN
UYON-UYON : LELAGON PANGATAK, LARAS PELOG PATHET ENEM
2. Kasusastran kang tinemu ing
Gendhing
a.
Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
b.
Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
c.
Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni
aspek karawitan.
d.
Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang,
kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung,
saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
e.
Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara
dhuwur.
f.
Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara
cendhak tekan swara dhuwur).
g.
Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo
nglagokake tembang.
h.
Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing
saben larik.
i.
Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang
kang binarung swaraning gendhing/ pradangga.
j. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
k. Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
l. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan
kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
m. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening
waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
n. Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
o. Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti
gendhing tanpa tabuhan.
p. Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani
gendhing.
q. Blimbingan yaiku wujud wilahan gender, slenthem, demung,
saron, lan peking sing tengahe nganggo lingiran.
r. Niyaga yaiku paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
s. Paniti yaiku paraga kang kajibah mranata tata rakiting
gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
t. Karawitan yaiku gumelaring gangsa saprabote.
u. Waranggana yaiku wanita ingkang ngrengga karaawitan kanthi
sindhenan.
v. Saprangkat yaiku gangsa jangkep, laras slendro lan pelog.
w. Sapangkon yaiku namung laras slendro utawi pelog kemawon.
x. Cokekan yaiku pagelaran karawitan kang ricikanipun gender,
slenthem, kendhang batangan, siter, gong kemodhong.
y. Alusan yaiku gender, gambang, rebab, siter, suling.
z. Balungan yaiku demung, saron, peking.
3. Dudutan :
Uyon-uyon punika wujuding Panawung Kridha sesarengan(kerja kolektif) ingkang
betahaken jumbuhing raos, gotong royong, mat-sinamat lan bantu binantu boten
wonten ingkang kepingin manjila piyambak saha tuwajuh ing ayahan lan jejibahan.
4. Kawruh Budhaya Gamelan
Jawa
Miturut Baosastra
Djawa W.J.S Poewadarminta, Gamelan inggih menika arane tetabuhan kang
rericikane (Instrumen) akeh banget (Saron, Bonang, Gender, lsp). Bahan sing
biasane dianggo nggawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan
timahsari), Kuningan saha Barut (Wesi lan Plat).
Gamelan Jawa
(Jawa tengah uga Yogyakarta lan sebageyan jawa wetan), umum e nadane luwih
lembut lan nganggo tempo luwih alon. Amarga kui, Gamelan Jawa iku uga kasebut
pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika Gaamelan
Slendro lan gamelan Pelog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana
nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras Slendro nduwe 5 nada, inggih menika
1 2 3 4 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog ik nduwe 7 nada inggih
punika 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonis kuwi dhasare ana 5
nada (penta= 5, tone=nada).
Laras inggih
punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah,kasebut uga nada, sistemnada/tonalsystem.
Laras slendro(SI.) ateges siistem ada kang manut cendhek-dhuwure lan intervalsaka gamelan
slendro,semono uga laras pelog (PI.).
Titi laras inggih
punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan
pathete. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet (9),lan
pathet manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika, pathet Lima
(5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.).
5.
Gamelan
·
Gamelan inggih
punika tetabuhan kang rericikane akeh banget (miturut Baoesastra W.J.S).
·
Gendhang Lirihan
utawa alusan, inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/ instrument
ingkang cara nabuhipun ‘lirih’ utawa alus.
·
Musik gamelan
Jawa nduwe nada luwih lebut lan alon,
gamelan Bali tempone luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musike mndayu-dayu lan dominasi swara suling.
·
Laras pelog
punika 1 2 3 4 5 6 7. Laras slendro punika 1 2 3 5 6.
Rericikanipun Gamelan
1.
Wujud Tabokan
1.
|
Kendhang Ageng
|
Kendhang sing
paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
|
2.
|
Kendhang
Ketipung
|
Kendhang kang
paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng
karo kendhang ageng.
|
3.
|
Kendhang kang
duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan.
Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
|
|
4.
|
Kendhang
Wayangan
|
Kendhang sing
ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang
kendang ageng.
|
2. Wujud Wilahan
1.
|
Gender
|
Gamelan kang
kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan
wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
|
2.
|
Slenthem
|
Wujud balungan
kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender
penembung/gender gantung.
|
3.
|
Gambang
|
Wujudipun gedhe
tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane
luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha
|
4.
|
Jinis saron
kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung
iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.
|
|
5.
|
Saron Barung
|
Jinis saron
tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe
katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung. Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan
ukurane luwih cilik
|
6.
|
Saron Peking
|
Jinis saron
kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung,
nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane
luwih cilik.
|
3. Wujud Wilahan Pencon
1.
|
Slentho
|
Cara nabuhipun
dithuthuk.
|
2.
|
Gong Kemodhong
|
Ditabuh ngagem
gembel.
|
3.
|
|
Perangkat
gamelan ditangkubake ing pasangane.
|
4. Wujud Pencon
1.
|
Bonang
Panembung
|
Wujud bonang
kan paling gedhe.
|
2.
|
Bonang Penerus
|
|
3.
|
Bonang Barung
|
Wujud bonang
sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus.
|
4.
|
Kethuk
|
Perangkat
gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang.
Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
|
5.
|
Kempyang
|
|
6.
|
Kenong
|
Perangkat
gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan
kempyang.
|
7.
|
Kempul
|
Biasane
digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
|
8.
|
Gong Ageng |
Gamelan kang
ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh
nganggo gembel.
|
9.
|
Gong Suwukan
|
Gamelan kang
ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur
katimbang gong ageng.
|
5. Wujud Kawatan
1.
|
Rebab
|
Wujud gamelan
kang cara nabuhe dikosok/digesek.
|
2.
|
Siter
|
Wujud gamelan
kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.
|
3.
|
Celempung
|
Wujud gamelan
kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.
|
6. Wujud Pipa
1.
|
Suling
|
Dipundamel
saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga
angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga
angin sing digeterake.
|
2.
|
Kemanak
|
Perangkat
gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
|
Tabuh
Gamelan
Materi Sesorah
Assalamualaikum
Wr.Wb
Ing dinten kang
apik niki, kula bade ngenei ngerti tentang bab sesorah. Yuk langsung wae.
1. Sesorah
yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing
sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide.
2. Rantamaning
sesorah :
a.
Salam pambuka (manut kapitadosan saha swasananipun)
b.
Purwaka inggih menika ngunjukaken puja-puji marang
ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta
ingkang mbiyantu lampahing adicara
c. Surasaning basa/isi/wps sesorah, inggih menika uderaning
bab ingkang dipun wedharaken
d.
Dudutan, inggih menika inti inti sarining wedharan
pangajeng-ajeng inngih menika bab-bab kang dipunkajengaken dening ingkang
nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng.
e. Wasana inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun
pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.
3. Jinising
sesorah
a.
Sesorah kanthi cara (model) apalan
b.
Sesorah kanthi cara (model) naskah utawi teks
c.
Sesorah kanthi cara (model) dadakan utawa impromtu
d.
Sesorah kanthi cara (model) eksemporan
4.
Ancasing sesorah
a. Sesorah pambagyaharja
b. Sesorah mamitaken jenazah
c. Sesorah ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
d. Sesorah ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan,
tetenger, lsp.)
e. Sesorah pamedhar sabda
f. Sesorah palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi,
lsp.)
Pamedhar sabda
ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning
ingkang badhe dipun ngendikakaken.
5. Bab
ingkang dipungatosaken nalika sesorah
Supados
nengsemaken ing samudayanipun, pramila kedah nggatosaken :
a. Busana
(Ageman)
Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan keperluwanipun,
wonten ing adicara
menapa
ingkang badhe dipunwayahi.
b. Subasita (Trapsila,
tata Krami)
Trapsila ungkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan,
ingkang wasana lajeng dados
kirang
nengsemaken. Solah bawa sampun ngatos kedamel-damel, prayogi ingkang prasaja
kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. Pramila menika saged gladhen
wonten ing sangajengaipun pengilon ingkang ageng, mangke badhe manggihi patrap
ingkang luwes tuwin pantes. Sha kaudiya babagan ewah-ewahaning pasuryan, saged
nggambaraken wosing penggalih, ingkang salajengipun jumbuh kaliyan swasana.
c. Swara ( Vokal,
basa Populer)
Kedaling lesan
kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih
semanten ugi, kaudia saged mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal
kanthi cetha.
d. Basa Tuwin
Sastra
Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra
ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun dipunronce ukara ingkang
trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirengaken. Dene basa ingkang trep ugi
ngengeti tuntunaning parama-sastra ingkang leres. Pamilihing tembung,
pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng,
inggil andhap, rikat rindhik, lsp. Ringkesipun basa ingkang komunikatif inggih
menika basa ingkang kedah angegeti :
a. Sinten ingkang gineman
b. Sinten ingkang dipunajak gineman
c. Sinten ingkang dipun ginem
d. Swasana nalikanipun gineman
e. Sami mangertosi ingkang dipun ginem.
Awit saking punika, pranatacara utawi
pemedar sabda kedah nggatosaken perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatosaken
tuwin perkawis-perkawis ingkang kirang mrarani ingkang midhanget. Perkawis-perkawis ingkang kedah dipun
gatosaken, inggih punika :
Patrap sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken :
1. Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar
metawis kalih jobin, percaya diri
2. Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik,
namung sampun katingal kaku
3. Polatan katingal sumeh, namung boten katingal kadamel-damel
4. Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila
5. Penggalih dipunsarehaken, supados suwanten
boten kapireng ndredheg
6. Wiramaning
wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan
7. Ngagem
basa ingkang alus, ananging boten perlu basa ingkang muluk2, supados gampil
dipunsuraos dening ingkang midhangetaken
8. Pangandikan boten perlu muter2, ingkang cekak, ananging
saged nyakup punapa ingkang badhe dipunkajengaken.
6.
Basa tuwin sastra
Basa ingkang
kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung
ingkang salajengipun dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca
kapirangaken. Manggihi jaman menika, prayogi ngagem tembung-tembung ingkang
prasaja kemawon. Dados langkung gampil katampi saha dipun mangertosi tegesipun
dening ingkang mirengaken. Saged kemawon mbok bilih langkung marem ngginakaken
basa ingkang langkung rinengga, kanthi tembung-tembung ingkang endah, ananging
ugi kedah ngngeti saha njumbuhaken kaliyan kawontenanipun. Dene basa ingkang
trep ugi ngengeti tuntunaning parama-satra ingkang leres. Ringkesipun basa
ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angengeti :
1. Sinten ingkang gineman.
2. Sinten ingkang dipunajakgineman.
3. Sinten ingkang dipunginem.
4. Swasana nalikanipun gineman.
5. Sami mangertosi ingkang dipunginem.
7.
Tuladha
Sesorah Sumpah Pemuda
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak
Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha
karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta
kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula
panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang
maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula
saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged
sinau wonten ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun
sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi
saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan
kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta
raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan
njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita ugi
kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi
pambangunanipun bangsa.
Menika
ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila
cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning
atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Matur
suwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb
Sumber :
- Rivanocahya.blogspot.co.id
- LKS Bahasa Jawa Semester 2
- www.contoh-contoh cerkakk.com
- www.beritajawajogja.com
Komentar
Posting Komentar