Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2017

MATERI BASA JAWA SEMESTER GENEP

Materi Cerita Cekak Assalamualaikum Wr.Wb Ing dinten kang cerahh niki, kula bade ngenei ngerti tentang bab Cerkak. Yuk langsung wae. 1.       Pangertosan lan Ciri-Ciri          Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak "Cerkak", inggih punika setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Ciri -ciri Cerkak: 1.                   Cerita cerkak limrahipun kirang komples tinimbang novel 2.                    Kadadosan saking setunggal pragmen /adegan 3.                   Gadhah setunggal plot utawi alur 4.                   Setting ingkang tunggal 5.                   Cacahing paraga ugi winates 6.                   Cakupan wekdalipun ugi cekak          Salah satunggaling teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwatos ngantos rampung ing satunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges-teges sanesipun nyebutaken cekak saha panjangipun saged katingal saking cacahipun tembung-tembungipun inggih punika 7.500 tembung. Ananging menawi katingal sa